Mangayubagya Adeging Ngayokarto Hadiningrat Kaping 269

Thomas Adm 13 Maret 2024 00:28:13 WIB

Selang12/03/2024,Mangayubagya Adeging

Ngayogyakarto Hadiningrat ingkang Kaping 269.

Adicoro pengetan serentak,ingkang dipun prakrsani dening Pemerintah  Daerah Istimewa Yogyakarta ugi dipun sengkuyung dening sedoyo Kalurahan ing  Daerah Istimewa Yogyakarta.

Wonten pengetan meniko Sedoyo Kalurahan ing wewengkon Daerah istimewa Yogyakarta nderek nyengkuyung arupi damel Sego tumpeng wiwitan  pralambang hamengeti kawiwitan Daerah  Ngayogyokarto Hadiningrat dados Tata administrasi  Piyambak,nuhoni kalihan perjanjen Giyanti rikolo  semanten.

Senadyanto Adicoro ing Kalurahan Selang lewat ZoomMetting,mboten ateges ngirangi raos  handarbeni,bombong lan bungah dados kawulo ing Daerah Istimewa yogyakarta. Saperangan inkang dumugeni pengetan ing Kalurahan Selang inggih  Lurah Selang ugi Pamong, Bamuskal,LPMKAL  Lembaga  Kalurahan lan Babhinsa,Bhabinkamtibmas Selang.

 

 

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar